Selasa, 03 September 2013

Pranata Adicara Tirakatan



Sugeng dalu,
Para sesepuh lan para pinisepuh ingkang tuhu dahat kinabekten, bapak kepala dukuh ingkang tuhu kinurmatan, pangarsa pepanggihan ingkang kinurmatan, lan sedaya para rawuh ingkang winantu kabagyan.
Sumangga kula aturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Asih, ingkang sampun paring rahmat lan hidayahipun dhateng kula lan panjenengan, satemah kula lan panjenengan saget makempal ing wekdhal menika tanpa alangan setunggal menapa.
Bapak/Ibu sagung para rawuh ingkang kinurmatan,
Langkung rumiyin, kula nyuwun agengipun pangaksami, amargi sampun kumawani munggel pangandikan sawetawis. Awit wekdhal menika, kula kadhawuhan ndherekaken lampahing acara “Pengetan 68 Dinten Kamardikan RI”.
Para rawuh ingkang kamulyakaken, saderengipun acara kawiwitan, keparenga kula maosaken rantamaning acaranipun wonten ing wekdhal punika.
1.      (Acara ingkang kaping setunggal) pambuka.
2.      (Acara ingkang kaping kalih) lagu Indonesia Raya.
3.      (Acara ingkang kaping tiga) atur palapuran saking pangarsa pepanggihan.
4.      (Acara ingkang kaping sekawan) atur pangandikan saking bapak kepala dukuh.
5.      (Acara ingkang kaping ganggsal) andharan riwayat perjuangan bangsa Indonesia.
6.      (Acara ingkang kaping enem) mancawarna.
7.      (Acara pungkasan) inggih menika ndedonga sesarengan lan dipun lajengaken panutup.



Para rawuh ingkang winantu kabagyan,
Mekaten rantamaning acara ing wekdhal menika, pramila sumangga kula lan panjenengan amiwiti acara kaping setunggal inggih menika pambuka kanthi maos donga piyambak-piyambak sesarangan.

Bapak/Ibu sagung para rawuh ingkang kinabekten,
Acara salajengipun ingkang kaping kalih inggih menika nyanyi lagu Indonesia Raya, dhumateng para rawuh keparenga jumeneng sawetawis. Lan dhumateng sedherek Nandar ingkang smapun piniji ngayahi ganti, kula aturaken ..................................................................
Matur nuwun, sedaya keparenga lenggah ingkang prayogi.
Bapak/Ibu sagung para lenggah ingkang winantu ing suka basuki,
Acara ingkang kaping tiga, inggih menika atur palapuran saking pangarsa pepanggihan. Dhumateng Bapak Jumadi kula aturaken sumangga.
Para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, acara ingkang kaping sekawan, inggih menika atur pangandikan saking bapak kepala dukuh. Dhumateng panjenenganipun Bapak Suratman, kula aturaken.
Bapak/Ibu ingkang kula mulyakaken, acara ingkang kaping gangsal, inggih menika andharan riwayat perjuangan bangsa Indonesia  kaliyan sedherek Lina. Dhumateng sedherek Lina, kula sumanggakaken.
Para rawuh ingkang tuhu kinurmatan, acara ingkang kaping enem, inggih menika mancawarna. Awit saking menika, dhumateng para adhek ingkang badhe caos panglipur, kula aturaken sumangga.
Bapak/Ibu sagung para rawuh ingkang tuhu kinabekten, dumugi titi wancinipun acara pungkasan, inggih menika ndedonga sesarengan kangge para pahlawan ingkang sampun gugur kang dipun dherekaken dhateng Bapak Rois lan dipun lajengaken panutup.
Saderengipun  pungkasing acaranipun, kula ingkang kadhawuh ndherekaken rantamaning acaranipun ing wekdhal menika menawi kathah klentunipun ing basa dalasan subasita. Kula nyuwun agungipun pangaksami. Jenang sela wader kali sesondheran, apurana yen wonten lepat. Matur nuwun.