KARESIKAN
Nuwun.
Bapak Kepala Sekolah ingkang
dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA N 1 Godean ingkang
sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga kula lan panjenengan
sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha
Asih tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih
saged makempal ing papan punika.
Bapak/Ibu Guru lan kanca sedaya, kula lan panjenengan remen kalian
kaendahan lan kebersihan. Kebersihan lan kaendahan menika satunggaling kunci katentreman.
Ingkang asri lan sae badhe cepet ical kaendahanipun prikala reged lan mboten
kumrawat, kadosta ageman sae ingkang reged dados mboten sae, semanten ugi kados
untu ingkang rapi nanging reged menika ugi mboten diremeni. Mula kangge njagi
kebersihan lingkungan sumangga saged kerja bakti sesarengan. Kerja bhakti saged
kalaksanakaken wonten lingkungan griya piyambak, lingkungan masyarakat,
lingkungan sekolah, lan sapanunggalanipun.
Kerja bhakti punika kula lan panjenengan wiwiti kangge
ambudidayakaken tresna dhateng kebersihan lingkungan punika, sedyaning manah
kula, sasampunipun kerja bhakti kula lan panjenengan saged tresna dhateng
kebersihan. Menapa malih saged ambudidaya semangat gotong-royong kaliyan tiyang
sanes.
Bapak/Ibu Guru lan kanca-kanca
ingkang kula tresnani, kebersihan menika salah satunggaling pokok kesehatan,
menawi lingkungan kula lan panjenenan resik, mila gesang kula lan panjenengan
badhe jeraos nyampun.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi
kirang mranani, kiranging suba sita miwah tumpang suhing basa lan sastra kula
nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun.