Rabu, 15 Januari 2014

Sesorah Basa Jawa

Hari pertama masuk sekolah sehabis liburan Semester II kelasku sudah diberi PR (Membuat Sesorah). Berikut Sesorahku. Maaf ya ini ngutip dari internet tapi tetep aku edit kok ;)

KARESIKAN


Nuwun.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA N 1 Godean ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Sumangga kula lan panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged makempal ing papan punika.
Bapak/Ibu Guru lan kanca sedaya, kula lan panjenengan remen kalian kaendahan lan kebersihan. Kebersihan lan kaendahan menika satunggaling kunci katentreman. Ingkang asri lan sae badhe cepet ical kaendahanipun prikala reged lan mboten kumrawat, kadosta ageman sae ingkang reged dados mboten sae, semanten ugi kados untu ingkang rapi nanging reged menika ugi mboten diremeni. Mula kangge njagi kebersihan lingkungan sumangga saged kerja bakti sesarengan. Kerja bhakti saged kalaksanakaken wonten lingkungan griya piyambak, lingkungan masyarakat, lingkungan sekolah, lan sapanunggalanipun.
Kerja bhakti punika kula lan panjenengan wiwiti kangge ambudidayakaken tresna dhateng kebersihan lingkungan punika, sedyaning manah kula, sasampunipun kerja bhakti kula lan panjenengan saged tresna dhateng kebersihan. Menapa malih saged ambudidaya semangat gotong-royong kaliyan tiyang sanes.
 Bapak/Ibu Guru lan kanca-kanca ingkang kula tresnani, kebersihan menika salah satunggaling pokok kesehatan, menawi lingkungan kula lan panjenenan resik, mila gesang kula lan panjenengan badhe jeraos nyampun.
Mekaten ingkang saged kula aturaken, nyuwun pangapunten menawi kirang mranani, kiranging suba sita miwah tumpang suhing basa lan sastra kula nyuwun agunging samudra pangaksami. Nuwun.

1 komentar: