BISMA
Bisma utawa kawentar kanthi
jeneng Resi Bisma kuwi sawijining pandhita kang lenggah ing pertapan
Ngetalkandha. Resi Bisma kuwi klebu brahmanacari utawa abadhan wadat kang
tegese Bisma kuwi ora kersa mengku garwa salawase urip. Anggoné ora kersa
mengku wanodya ora kok merga ora payu rabi, nanging merga dhèwèké kuwi netepi
ujar uni utawa netepi marang sumpah prasetyané kang wis kaweca sineksènan
marang ingkang rama saha jagad saisiné. Ing jagading pedhalangan, akeh tinemu
paraga kang asarira badhan wadat, ing antarané Radèn Laksmanadewa iya Laksmana Widagda (adhiné Prabu Rama), lan Resi Ramabhargawa.
Resi Bisma
Éjaan Sanskerta: Bhīshma; Dévavrata
Jeneng liya: Dewabrata
Cerita:
BISMA GUGUR
Kados ingkang sampun kula
janji kaliyan penjenengan sedaya ing wingi, kula badhe ngaturi pasugatan ringgitan
Banyumasan saking Ki Sugino Siswocarito ingkang ngangge “thema” Baratayuda
Jayabinangun. Menawi wonten jagading ringgit, Perang Baratayuda menika kalebet
perang ageng ingkang kaping sekawan. Lampahan Baratayuda Banyumasan versi Ki
Sugino menika, menawi kagatekaken, radi caket kaliyan alur lampahan saking
gagrak Ngayogyakarta, nanging iringan gendinginpun caket kalian gagrak
Surakarta.
Wonten
lampahan Bisma Gugur, Baratayuda Jayabinangun dipun wiwiti. Lah miturut
Baratayuda versi gelaranipun Ki Nartasabdo, perang antawisipun Resi Bisma
anggenipun majeng wonten rananggana ngantos sirnanipun Resi Seta kalajengaken
kaliyan Guguripun Resi Bisma piyambak dening Prajurit Wanita, Wara Srikandi,
dangunipun ngantos kawanwelas dinten. Paling lami miturut cariyosipun.
Kathahipun
para paraga ingkang angemasi wonten ing lampahan menika ugi kathah, kados ta;
Raden Untara, Wratsangka lan Resi Seta, ingkang tiga tiganipun menika putra
saking Wiratha. Tiga tiganipun dados tawur saking bela kasaenan, nalika
Pendhawa ingkang kabucal Kurawa 12 tahun lan kedah namur kawula setahun tanpa
kadenangan. Para Pandhawa saged bela Negari Wiratha ngantos Negara Ngastina
ingkang dipun ombyongi Prabu Susarman saking Trikarta ingkang anggadahi trekah
anjajah negari Wiratha, saged kendhang kapracondhang saking paprangan.
Kethiripun wadya Ngastina awit dening pangamukipun Jagal Abilawa sesinglonipun
Raden Werkudara, lan Kandhiwrahatnala sesinglonipun Raden Arjuna. Kejawi menika
sakderengipun perang dipun wiwiti, wonten pejahipun Bambang Irawan.
Sedanipun
keng rama lan ibunipun Prabu Duryudana, Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari
wonten ing kedosan Kresna Dhuta, andadosaken jalaran wiwitaning Baratayuda
Jayabinangun menika. Gereng-gereng, ambekuh Prabu Duryudana, awit kraos getun
lan sedhih tinilar dening tiyang asepuhipun. Anuli Resi Bisma neter kesagahan
lan siaganing golonganing Kurawa mengsah lan Para Kadang Pandhawa.. Ing
kalenggan menika parampara Ngastina sami jumurung ing kersa dados sesawat
balang lan sesawur, murih jayaning Para Kurawa. Lega rasaning manah Prabu
Duryudana salajengipun, dene para paranparaning praja misuda Resi Bisma dados
senapati ingkang kapisanan.
Nanging
ing mangke Resi Bisma maringi tetenger menawa Perang Baratayuda menika
satunggaling papan sauring utang lan potang. Kaping kalihipun Resi Bisma paring
katrangan menawi kasagahanipun majeng dados senapati menika namung kinarya
pasanggiri. Liripun, lamun piyambakipun ungguling jurit Kurawa bakal mukti.
Nanging menawa kasor tebihipun kapupuh ing adilaga, para Kurawa kedah seleh
gegaman mungkasi prang lan soroh negari Ngastina lan Negara Amarta sawetahipun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar